Minggu, 17 Juni 2012

Safety Riding iku Penting Rek!

Safety riding iku gak cuma gawe helm, spion dipasang loro, ngruripno lampu pas awan, tapi yoopo caramu berkendara nang dalan tanpa mbahayakno karo ganggu kenyamanan’e wong liyo. Kadang sering awakdewe iki delok nang dalanan, wong2 sing numpak kendaraane iku koyok sing paling duwe dalan. Biasane arek Jember ngomonge “nyetir mak koyok dalan mbah’e ae!”. Gak usah dipungkiri lak jaman saiki arek2 cilik wis akeh sing numpak sepeda dewe, masio yo dee gak duwe SIM. Lepas soko pengawasan wong tuone pas numpak sepeda, dan wong tuone yo mbuh opo ae alesane membebaskan anak’e arep laopo karo sepedae. Kendaraan koyok sepeda motor karo mobil iku biasane dikekno nang anake karo wong tuone iku gawe fasilitas budal sekolah/budal kuliah. Cuma akeh2ne ancen disalah gunakno nang arah sing salah, terlepas soko wong tuone sing cuek, opo wong tuone wis ngandani trus anake sing cuek, cumak mereka dewe sing weruh. Wis akeh kejadian kecelakaan nang dalan iku dialami karo arek sing sek nang ngisor batas umur sing diolehno numpaki kendaraan bermotor. Lak wis kejadian ngunu sopo sing salah? Wong tuone? Opo anak’e?. Cumak wektu sing nyadarno mereka.


Wis suwe nang dalan2 nang daerah kampus Unej sering awakdewe delok mobil patroli polisi sing patroli polae nyegah balap liar sing sering diadakno nang daerah2 kampus. Nang area2 terlarang iku mesti onok mobil patroli sing parkir nang kono. Salah siji cara sing dilakukno bapak2 polisi gawe meminimalisir onok’e balap liar, mencegah nyowo2 arek2 sing wayahe luwih pantes menimba ilmu keitimbang kebut2an nang dalan, mencegah para pengguna dalan laine sing gak weruh opo2 tapi kenek imbas soko kelakuan pada pembalap liar, mencegah pisan polusi suara sing ditimbulno sepeda2 sing knalpot’e cerawak sing iso ganggu warga sekitar. Loro jempol gawe bapak bapak polisi sing wis sering patrol, jempol mengisor gawe kalian sing gak eman karo nyowone dewe. Opo yo gak sa’aken karo wong tuone, ngrawat awakmu sampe gede, nukokno kendaraan gawe awakmu sampe meh entek keringet’e tapi awakmu sia2no gawe hal2 sing gak penting koyok kebut2an nang dalan. Eling rek harta gawe tuku sepeda ancen iso digolek! Tapi nyowomu?? Arep tuku nang endi? Masio munggah mudun ping sewu nang Pasar Tanjung yo awakmu gak kiro nemu took sing ngedol nyowo. Opomaneh nang indomaret.

 

Aku yo gak pati pinter tentang safety riding karo kenyamanan berkendara nang dalan, aku cumak pengen ngeshare hal2 sing jareku (jareku loh yo) sing salah trus sing sering awakdewe temukno pas lagi berkendara nang dalan. Cekidot dott dottt..

 

1.    Knalpot bedel-an. Sopo sing gak tau krungu karo berok2’e sepeda sing gae knalpot model ngene. Soko sing kaget, sing muk-ngamuk, sing misuh2, sing ngelus dodo (pacare) #ehh perkoro knalpot model ngene iki. Lak ancen pengen rame pas nyetir motor nang dalan, jarno ae knalpotmu standar tapi cangkemmu ae sing berok2 nang dalan. Jarno sampe jontor cangkemmu iku :p

2.    Gak nganggo helm. Alesane yo ganteng’e/ayune dadi gak ketokan. Ya wis solusine yo nganggo helm sing kocone tembus pandang ae. Lak wedi rambute rusak? Yo dilaminating ae sakdurunge gae helm.

3.    Ngebut nang dalan. Wah iki rek, ngebut nang dalan, Jember iku wis termasuk kota sing padet rek. Atur kecepatanmu, minimal nang jero kota iku yo maksimal’e 50-60 km/jam lak nang njobo kota maksimal 80 km/jam. Lak pengen lebih soko iku, tanggung jawabmu rek. Masio lapo ngebut rek, lak kepengen cepet iku yo budalo sakminggu sakdurunge ae, ben lak nang dalan gak kesusu.

4.    Nyalip kiri, ngerem, nyalip kanan. Istilah’e iku ugal2an nang dalan. Macak dadi pembalap professional, opomaneh lak ketok arek wedok gae mio, gawe hotpant, rambut direbonding langsung ae macak dadi pembalap. Ngetokno lak iso sangar numpak sepeda’e. Padahal sing didelok mau bencongan jalan jawa. Tompesss! Sak weruhku malah illfeel arek wedok delok arek sing nyetire ngunu. Arek wedok mesti mikir, lak awakmu ae gak eman karo nyowomu, mosok iso eman karo nyowo pacarmu engkuk. Yo kan? Iyo ae wis? :D

5.    Gak nganggo spion. Nah iki, alesane akeh. Sing gak gelem delok nang mburi maneh lah, masa lalu maneh lah, nah lak ngene adepno menduwur ae ben awakmu iso delok menduwur. Eling nang Allah SWT kan luwih apik. Amin. Opomaneh lak spion sing dienggo loro model tangan wong dungo. Disik lak nganggo spion ngene mesti diilok2no, jarno ae wis sing penting slamet nang dalan.

6.    Menggok ndadak. Biasane gak nganggo lampu sen, opo tanda tangan (emange arep gawe KTP tager tanda tangan barang), moro menggok sak enak udel’e (padahal udele bodong, hubungane opo?). Minimal awakmu iku uripno lampu sen sakdurunge menggok, ojok lali delok spion gawe mastikno nang mburimu gak onok motor sing arep nyelonong. Lak ketok cewek nang spionmu yo mandeg sik rek :D

7.    Ribet pas nyetir. Misale awakmu BBMan, SMSan, telpon2an, ngerokok, masak mie, sampe awakmu puh up pas nyetir. RIBET! Iyo ribet rek, awakmu konsentrasine iso gak maksimal. Usahakno awakmu iku konsentrasi penuh pas nyetir, gak usah macem2. Lak susah konsentrasi, minum Cerebrovot, gawe jomblo yo jelas Baygon hahahaha :D

8.    Lampu ngarep keterangen, lampu mburi kepetengen. Nah iki, sering awak dewe silau lak pas salipan karo sepeda model ngene iki, dan awak dewe iso gak ngerti lak sepeda karo lampu rem peteng iku ngerem mendadak. Bahaya! Lampune biasa2 ae lah, pokok iso nerangi dalan. Gak perlu gowo2 gardu2 PLN, utowo genset. Aki sepedamu ae cukup kok.

9.    Sepeda ceper. Iki sepeda sing paling aneh sing paling tak delok. Mesin cuma selisih saitik nemen jarake karo aspal. Lucune iku lak pas nglewatin polisi tidur, sikile pasti mudun koyok wong mlaku koyok sing polisi tidure iku tangi. Biasane disik sepeda model iki ditambahi boneka2 lucu nang ngarep sepedae. Biasane iku boneka Marsupilami, opo boneka cilik sing lucu2. Untung’e ae gak onok sing deleh patung kaliwates nang sepedae. Bot ngaboti!

10.    Pacaran nang dalan. Iki sing garai akeh jomblo tabrakan. Perkoro iri, garai moto sulap, pomaneh garai awak panas sampe pengen nyenggol. Pacaran laopo nang dalan, kesan’e pasti gak duwe modal. Peluk2 an nang dalan, sampe raba sana raba sini, tangan nang endi2, sing paling anyar iku sing wedok songkon nyetir karo gawe jas hujan (padahal gak udan) lah iku laopo jarene :D Tambah maneh sadel sepedae iku dipapras karo diduwurno shok sepedae ben sing digonceng merosot. Wah essip wis, ancen kecak pikirane arek lanang iki jed.

 

Nah iku lah sing aku weruh, monggo lak kape onok sing nambahi. Safety Riding iku penting!!! Gak selamane awakmu nganggo sepeda iku dewean rek, kadang awakmu gonceng adikmu, wong tuomu, pacarmu, koncomu. Ojok koen gowo wong sing cedek karo awakmu iku terancam keselamatane goro2 awakmu iku minim safety pas berkendarane. Emanen nyowo mereka rek. Dan jangan lupa berdoa sebelum kalian berkendara. Semoga Allah SWT selalu memberi keselamatan pada kita semua. Amin.

 

Mari kita tegakkan SAFETY RIDING untuk kenyamanan berkendara dan keselamatan bersama. HIDUP JEMBER! SALAM CORET!


0 komentar:

Posting Komentar