Senin, 18 Juni 2012

Budaya iku Identitas Bangsa!

Rame nang lini masa perkoro dugaan klaim tari tor-tor karo alat musik Gondang Sambilan (Sembilan Gendang) soko Mandailing, Sumatera Utara iki lumayan dadi topik sing akeh dibicarakno nang lini masa dino iki. Pengen’e Malaysia sing kape nglebokno kedua kebudayaan iku sebagai kebudayaan warisan Malaysia tambah garai gregetan Rakyat Indonesia. Guduk polae opo, gak cuma sekali iki wae Malaysia iku golek perkoro masalah klaim-klaiman ngene. Disik wis tau Tari Pendet soko Bali pisan Tari Reog soko Ponorogo, alat musik angklung yo pisan tau diklaim. Dunia yo wis ngerti rek, lak loro budaya iku yo soko Sumatra Utara. Nah mbalik nang Indonesia, yoopo carane ben budaya2 Indonesia sing sakpirang2 iki gak kenek klaim maneh, yo ndang dipatenno, pemerintah karo pemerintah daerah karo masyarakat kudu iso saling kerjasama gae nyelametno budaya2 iku mau, carane yo nglestarikno karo diperkenalno nang dunia internasional. Yo sakweruhku sih akeh akehne iku budaya2 Jawa sing lebih diperhatikno timbang budaya2 lain’e. Padahal Indonesia iki akeh budayane.     Lah trus pas diklaim ngene podho bingung kabeh, laopo kok kudu ngenteni onok sing klaim baru diperhatikno. Paleng yo asline akeh sing gak ngerti karo budaya tari tor2 karo alat musik Gondang Sembilan iki. Pasti onok, gak heran, solae arek2 saiki luwih kenal karo budaya2 luar negeri timbang budaya dewe. Pasti arek2 saiki luwih kenal tarian shuffle akro tarian’e SUJU ketimbang tarian tor-tor. Yo polae kurang’e pengenalan terhadap budaya2 Indonesia dewe ditambah karo arek2 saiki sing kurang respek nang budayane dewe.

Terlepas soko klaim Malasyia iku mau, aku luwih kaget karo mention salah siji follower sing mention isine “Lak koen wong Indonesia koen kudu ngilokno akun Malasyia”. Loh opo yo kudu ngono carane, nyelesekno masalah ngene karo ilok ilokan iku opo yo mencerminno jiwa awakdewe sebagai Bangsa Indonesia sing duwe sopan santun ditimbang negara tetangga sing gak duwe sopan ngeklaim budayane awakdewe. Lah terus lak karo cara koyok ngono opo yo mari masalah’e, trus opo bedane awakdewe la ngono karo sing diilokno. Nah, reaksi koyok ngene iki loh sing akeh muncul nang dunia maya, Merasa hebat iso koar2 karo ngilokno bangsa lain, tanpa delok pangkal masalahe koyok opo. Reaksi ngene iki gak bedo karo koen lak putus karo pacarmu. Bener pas sik dadi pacar, sayang-sayangan, ngelingno wis maem opo durung, saling muji pacar’e  tapi lak wis putus iku ilok-ilokan,  ngelingno wis mati opo durung, trus saling buka aib mantan pacar’e. Yah begitulah. Aku sih gak maksud menggurui, cumak menurutku reaksi koyok ngono iku yo sopo ae ngerti lak gak apik. Marilah kita selesekno iku dengan kepala dingin, gak perlu nuruti emosi, gak perlu melok2 trend sing onok, konco socmed mu berok2 awakmu melok berok2. Jiwa nasionalisme iku gak koyok ngunu rek, monggo awakdewe lestarikno budaya kita, iku senjata paling apik gawe ngelawan klaim2 negara tetangga ditimbang ilok2an nang socmed.

Sumpah dino iki aku metao, tapi tulisan iki yo tak tulis menurut opo sing onok nang ndasku. Budaya iku identitas bangsa, ojok sampe identitas kita sebagai Bangsa Indonesia iku hilang seiring hilangnya budaya awakdewe. Kita pantes kok memperjuangkan karo nglestarikno budaya Indonesia, polae iku ancene tanggung jawab awakdewe sebagai anak bangsa, SALAM CORET!!!

Minggu, 17 Juni 2012

Safety Riding iku Penting Rek!

Safety riding iku gak cuma gawe helm, spion dipasang loro, ngruripno lampu pas awan, tapi yoopo caramu berkendara nang dalan tanpa mbahayakno karo ganggu kenyamanan’e wong liyo. Kadang sering awakdewe iki delok nang dalanan, wong2 sing numpak kendaraane iku koyok sing paling duwe dalan. Biasane arek Jember ngomonge “nyetir mak koyok dalan mbah’e ae!”. Gak usah dipungkiri lak jaman saiki arek2 cilik wis akeh sing numpak sepeda dewe, masio yo dee gak duwe SIM. Lepas soko pengawasan wong tuone pas numpak sepeda, dan wong tuone yo mbuh opo ae alesane membebaskan anak’e arep laopo karo sepedae. Kendaraan koyok sepeda motor karo mobil iku biasane dikekno nang anake karo wong tuone iku gawe fasilitas budal sekolah/budal kuliah. Cuma akeh2ne ancen disalah gunakno nang arah sing salah, terlepas soko wong tuone sing cuek, opo wong tuone wis ngandani trus anake sing cuek, cumak mereka dewe sing weruh. Wis akeh kejadian kecelakaan nang dalan iku dialami karo arek sing sek nang ngisor batas umur sing diolehno numpaki kendaraan bermotor. Lak wis kejadian ngunu sopo sing salah? Wong tuone? Opo anak’e?. Cumak wektu sing nyadarno mereka.


Wis suwe nang dalan2 nang daerah kampus Unej sering awakdewe delok mobil patroli polisi sing patroli polae nyegah balap liar sing sering diadakno nang daerah2 kampus. Nang area2 terlarang iku mesti onok mobil patroli sing parkir nang kono. Salah siji cara sing dilakukno bapak2 polisi gawe meminimalisir onok’e balap liar, mencegah nyowo2 arek2 sing wayahe luwih pantes menimba ilmu keitimbang kebut2an nang dalan, mencegah para pengguna dalan laine sing gak weruh opo2 tapi kenek imbas soko kelakuan pada pembalap liar, mencegah pisan polusi suara sing ditimbulno sepeda2 sing knalpot’e cerawak sing iso ganggu warga sekitar. Loro jempol gawe bapak bapak polisi sing wis sering patrol, jempol mengisor gawe kalian sing gak eman karo nyowone dewe. Opo yo gak sa’aken karo wong tuone, ngrawat awakmu sampe gede, nukokno kendaraan gawe awakmu sampe meh entek keringet’e tapi awakmu sia2no gawe hal2 sing gak penting koyok kebut2an nang dalan. Eling rek harta gawe tuku sepeda ancen iso digolek! Tapi nyowomu?? Arep tuku nang endi? Masio munggah mudun ping sewu nang Pasar Tanjung yo awakmu gak kiro nemu took sing ngedol nyowo. Opomaneh nang indomaret.

 

Aku yo gak pati pinter tentang safety riding karo kenyamanan berkendara nang dalan, aku cumak pengen ngeshare hal2 sing jareku (jareku loh yo) sing salah trus sing sering awakdewe temukno pas lagi berkendara nang dalan. Cekidot dott dottt..

 

1.    Knalpot bedel-an. Sopo sing gak tau krungu karo berok2’e sepeda sing gae knalpot model ngene. Soko sing kaget, sing muk-ngamuk, sing misuh2, sing ngelus dodo (pacare) #ehh perkoro knalpot model ngene iki. Lak ancen pengen rame pas nyetir motor nang dalan, jarno ae knalpotmu standar tapi cangkemmu ae sing berok2 nang dalan. Jarno sampe jontor cangkemmu iku :p

2.    Gak nganggo helm. Alesane yo ganteng’e/ayune dadi gak ketokan. Ya wis solusine yo nganggo helm sing kocone tembus pandang ae. Lak wedi rambute rusak? Yo dilaminating ae sakdurunge gae helm.

3.    Ngebut nang dalan. Wah iki rek, ngebut nang dalan, Jember iku wis termasuk kota sing padet rek. Atur kecepatanmu, minimal nang jero kota iku yo maksimal’e 50-60 km/jam lak nang njobo kota maksimal 80 km/jam. Lak pengen lebih soko iku, tanggung jawabmu rek. Masio lapo ngebut rek, lak kepengen cepet iku yo budalo sakminggu sakdurunge ae, ben lak nang dalan gak kesusu.

4.    Nyalip kiri, ngerem, nyalip kanan. Istilah’e iku ugal2an nang dalan. Macak dadi pembalap professional, opomaneh lak ketok arek wedok gae mio, gawe hotpant, rambut direbonding langsung ae macak dadi pembalap. Ngetokno lak iso sangar numpak sepeda’e. Padahal sing didelok mau bencongan jalan jawa. Tompesss! Sak weruhku malah illfeel arek wedok delok arek sing nyetire ngunu. Arek wedok mesti mikir, lak awakmu ae gak eman karo nyowomu, mosok iso eman karo nyowo pacarmu engkuk. Yo kan? Iyo ae wis? :D

5.    Gak nganggo spion. Nah iki, alesane akeh. Sing gak gelem delok nang mburi maneh lah, masa lalu maneh lah, nah lak ngene adepno menduwur ae ben awakmu iso delok menduwur. Eling nang Allah SWT kan luwih apik. Amin. Opomaneh lak spion sing dienggo loro model tangan wong dungo. Disik lak nganggo spion ngene mesti diilok2no, jarno ae wis sing penting slamet nang dalan.

6.    Menggok ndadak. Biasane gak nganggo lampu sen, opo tanda tangan (emange arep gawe KTP tager tanda tangan barang), moro menggok sak enak udel’e (padahal udele bodong, hubungane opo?). Minimal awakmu iku uripno lampu sen sakdurunge menggok, ojok lali delok spion gawe mastikno nang mburimu gak onok motor sing arep nyelonong. Lak ketok cewek nang spionmu yo mandeg sik rek :D

7.    Ribet pas nyetir. Misale awakmu BBMan, SMSan, telpon2an, ngerokok, masak mie, sampe awakmu puh up pas nyetir. RIBET! Iyo ribet rek, awakmu konsentrasine iso gak maksimal. Usahakno awakmu iku konsentrasi penuh pas nyetir, gak usah macem2. Lak susah konsentrasi, minum Cerebrovot, gawe jomblo yo jelas Baygon hahahaha :D

8.    Lampu ngarep keterangen, lampu mburi kepetengen. Nah iki, sering awak dewe silau lak pas salipan karo sepeda model ngene iki, dan awak dewe iso gak ngerti lak sepeda karo lampu rem peteng iku ngerem mendadak. Bahaya! Lampune biasa2 ae lah, pokok iso nerangi dalan. Gak perlu gowo2 gardu2 PLN, utowo genset. Aki sepedamu ae cukup kok.

9.    Sepeda ceper. Iki sepeda sing paling aneh sing paling tak delok. Mesin cuma selisih saitik nemen jarake karo aspal. Lucune iku lak pas nglewatin polisi tidur, sikile pasti mudun koyok wong mlaku koyok sing polisi tidure iku tangi. Biasane disik sepeda model iki ditambahi boneka2 lucu nang ngarep sepedae. Biasane iku boneka Marsupilami, opo boneka cilik sing lucu2. Untung’e ae gak onok sing deleh patung kaliwates nang sepedae. Bot ngaboti!

10.    Pacaran nang dalan. Iki sing garai akeh jomblo tabrakan. Perkoro iri, garai moto sulap, pomaneh garai awak panas sampe pengen nyenggol. Pacaran laopo nang dalan, kesan’e pasti gak duwe modal. Peluk2 an nang dalan, sampe raba sana raba sini, tangan nang endi2, sing paling anyar iku sing wedok songkon nyetir karo gawe jas hujan (padahal gak udan) lah iku laopo jarene :D Tambah maneh sadel sepedae iku dipapras karo diduwurno shok sepedae ben sing digonceng merosot. Wah essip wis, ancen kecak pikirane arek lanang iki jed.

 

Nah iku lah sing aku weruh, monggo lak kape onok sing nambahi. Safety Riding iku penting!!! Gak selamane awakmu nganggo sepeda iku dewean rek, kadang awakmu gonceng adikmu, wong tuomu, pacarmu, koncomu. Ojok koen gowo wong sing cedek karo awakmu iku terancam keselamatane goro2 awakmu iku minim safety pas berkendarane. Emanen nyowo mereka rek. Dan jangan lupa berdoa sebelum kalian berkendara. Semoga Allah SWT selalu memberi keselamatan pada kita semua. Amin.

 

Mari kita tegakkan SAFETY RIDING untuk kenyamanan berkendara dan keselamatan bersama. HIDUP JEMBER! SALAM CORET!


Rabu, 13 Juni 2012

Happy Birthday, Jembercoret!

Pas setaun,14 Juni taun 2011 akun [at]jembercoret nulis tweet pertamane. Followers sek 0 (nol) pas iku. :D rodok melas.Umur 2 dino,baru oleh follower. Iki: @dumdumzdumzz @GitraFajar @Niasaadah ,3 anak khilaf yg sudi mem-follow kami. Sejak awal komitmen'e akun iki pancen anti njaluk "follback". Soko pertama sampek saiki,akun iki gak tau seng jeneng'e njaluk folbek. Iku seng nggarai akun iki sepi followers sampe bulan pertama. Lek gak salah,sak wulan follower e cuma 14. :D Dadi,akun jembercoret iki guduk akun jemberan pertama,mgkn seng ke- 4 utowo 5 nang Jember. Akun jembercoret lahir soko akun jemberan no-2,saat itu. :) :) Admin jeco,awal'e magang dadi admin nang akun jemberan seng waktu iku sempet dadi trendsetter arek2 Jember. Tp trus mundur pola ga cocok. Admin jeco waktu iku dianggep kurang "nakal" untuk ukuran akun jemberan.Krn merasa org asli Jember,dan kami bukan pemuda yg "nakal",metu! :p Admin mikir,arek Jember iku gak "nakal", tp pinter,smart,cerdas,lucu dan guyub.Akhirnya diputuskan bikin akun baru,yaaa inilah jadinya :D Jembercoret diambil dari istilah yg sdh sangat akrab di telinga masyarakat Jember. Artinya Jember pinggiran,bukan termasuk wilayah kota. Jembercoret jg berarti: tempat corat-CORET nya anak2 JEMBER,wadah kreatif, ngobrol,dan bersenang2. Mesio awal'e akun iki gak payu rek. (-̩̩̩-̩̩̩_-̩̩̩-̩̩̩). Akhirnya,akun jemberan no.1, @infojember ,melirik kami ketika kami sedang main hashtag #DowntownJember, potensi wisata Jember. [at]infojember me-Retweet hashtag itu,sampai akhirnya banyak yg membaca, followers bertambah. Hashtag #SpotUnikJember menampilkan foto2 spot2 indah di Jember juga ditampilkan oleh [at]infojember. Teman semakin bertambah. Dan akhirnya kami sampai disini,tepat setahun berjalan,teman kami sudah 6500 lebih.Akun kedua dg followers terbanyak setelah @infojember :) Terimakasih buat kalian yg sudah follow. Sesungguhnya kalian-lah yg keren. :) arek Jember pancen istimewa. Trims buat @infojember yg membuat tweet kami jd dilihat banyak orang. :) you are the best! Trims pisan gawe @DnaNetStation ,iki rek, jembercoret lahir soko salah siji komputer nang warnet iki. :D
*diambil dari tweet jembercoret* Sekali lagi Happy Birthday Jembercoret! Terima kasih buat semua follower yang sudah sudi mengikuti tweet Jeco sampai saat ini! HIDUP JEMBER!!

Rabu, 25 Januari 2012

#siapaadmin

"SIAPA ADMIN" pertanyaan ini adalah pertanyaan yang intensitasnya paling banyak muncul di mention twitter kami.Terutama dari follower follower baru akun kami.

Dan sebenar2nya,sampai sekarangpun tidak ada yang mengetahui siapa admin @jembercoret,mungkin yang mereka tahu adalah,ketika mengobrol dengan kami,mereka merasa seperti ngobrol dengan teman se "meja kopi" :)  akrab dan tanpa batasan apapun. Dan akan lebih bijak kalau kamu kamu semua para follower membiarkan admin tetap menjadi sesuatu yang misterius,agar ngobrolnya lebih enak.Bayangkan kalo kamu tahu siapa admin,mgkn berikutnya akan merasa canggung ngobrol di akun @jembercoret. Karena mungkin ekspektasi dan bayangan admin itu berbeda pd setiap indivudu. Karena ada kemungkinan kami jau daripada ekspektasi kalian semua. So,biarkanlah admin tetap menjadi admin. biarkanlah @jembercoret tetap menjadi @jembercoret,bukan @misterwhoeveryouare  :)


SALAM CORET



#ticktack

Pacaran: IPK elek,nangis nok pundak'e ojob | LDR: IPK elek,nangis nelpon ojob | Jomblo: wes IPK elek,gaduwe ojob pisan. *mati*


Pacaran: delok IPK bareng nang komputer kantor TI UNEJ | LDR: bukak laptop,delok IPK via internet | Jomblo: bukak laptop,nyetel bokep. -_-

Pacaran: delok IP,alhamdulillah | LDR: delok IP,subhanalloh | Jomblo: delok IPK,assholatukhoirumminannauuumm... 

Pacaran: ngenteni di bbm ojob | LDR: ngenteni di PING!!! ojob | Jomblo: ngenteni di bbm/di PING gebetan,oleh'e malah BM "test contact". -_- 


(terus update)

 

Selasa, 24 Januari 2012

#tipsujian ala jember coret

Gawe koen sing arep ujian aku arep ngei tips2 sing iso awakmu meloki/kamu acuhkan. Cekidot dott dott... 
 
1. Persiapkan kabeh alat tulise, pensil, bolpoint, penggaris, penghapus, ojok lali pisan nomer ujiane, tang, obeng, trus kunci inggris, oke?

2. Ojok lali BAB/BAK, jok sampe pas koen enak2 ngerjakno ujian, awakmu kebelet, tager gobyos kemringet, perkoro nahan kebelet nang toilet :) 

3. Ojok lali sapu tangan gawe sing kemringetan, ojok sampe lembar jawabanmu teles kabeh perkoro kenek keringetmu opo maneh kelasmu sampe kebanjiran.

4. Gawe sing galau pas jawabane pilihan, bingung kape jawab opo cirhato nang sing lungguhe cedek awakmu, ojok lali ijin nang sing jogo. Lak iso yo curhato pisan nang penjogone, bee tah solusine luwih apik ketimbang koncomu mau.

5. Sisakno wektu kiro2 10 menit gawe merikso kabeh jawabanmu, lak perlu periksokno nang puskesmas2 terdekat, lak perlu cek darah, wedine jawabanmu duwe penyakit sing aneh2 misal'e kanker prostat opo darah tinggi.

6. Lak awakmu pancet pengen ngerpek, gunakno wektu sing tepak gawe ngerpek. Ojok sampe' pas sing jogo ujian iku onok nang sebelahmu, opo maneh sampe nang duwurmu. Sakti iku sing njogo berarti. Hehe.

7. Biar lambat asal selamat. Nah iki pepatah gawe lak awakmu ngerpek. Lak awakmu dikei wektu iku 2 jam. Lambat2 no gawe ngerpek marine 2 jam iku. Misal'e pas lembar jawaban iku dikumpulno. Lah apik maneh awakmu ngerpek pas lembar jawaban iku durung dibagikno. Iku waktu sing aman nemen.

8. Jok lali sarapan rek pas kape budal ujian, ojok sampe awakmu iku luwe pas ngerjakno ujian moro2 pesen sego pecel nang ngarep sekolahmu, macak gendeng tah?

9. Kerpekan sing aman iku kerpekan sing cuma awakmu tok sing weruh panggone. Nah panggon sing aman ben penjogone gak ngerti awakmu gaweo kerpekan trus pendemen nang ngisor wit sekitar sekolahmu yo minimal 5 meteran lah. Aman rek!

10. Iki serius rek. Selain belajar, berdoalah sebelum ujian. Mintalah restu soko wong tuomu pisan rek. Insyaallah ujianmu lancar plus gak meloki tips 1 - 9 :D

Semoga lancar ujiannya rek. SALAM CORET!