Selasa, 24 Januari 2012

#tipsujian ala jember coret

Gawe koen sing arep ujian aku arep ngei tips2 sing iso awakmu meloki/kamu acuhkan. Cekidot dott dott... 
 
1. Persiapkan kabeh alat tulise, pensil, bolpoint, penggaris, penghapus, ojok lali pisan nomer ujiane, tang, obeng, trus kunci inggris, oke?

2. Ojok lali BAB/BAK, jok sampe pas koen enak2 ngerjakno ujian, awakmu kebelet, tager gobyos kemringet, perkoro nahan kebelet nang toilet :) 

3. Ojok lali sapu tangan gawe sing kemringetan, ojok sampe lembar jawabanmu teles kabeh perkoro kenek keringetmu opo maneh kelasmu sampe kebanjiran.

4. Gawe sing galau pas jawabane pilihan, bingung kape jawab opo cirhato nang sing lungguhe cedek awakmu, ojok lali ijin nang sing jogo. Lak iso yo curhato pisan nang penjogone, bee tah solusine luwih apik ketimbang koncomu mau.

5. Sisakno wektu kiro2 10 menit gawe merikso kabeh jawabanmu, lak perlu periksokno nang puskesmas2 terdekat, lak perlu cek darah, wedine jawabanmu duwe penyakit sing aneh2 misal'e kanker prostat opo darah tinggi.

6. Lak awakmu pancet pengen ngerpek, gunakno wektu sing tepak gawe ngerpek. Ojok sampe' pas sing jogo ujian iku onok nang sebelahmu, opo maneh sampe nang duwurmu. Sakti iku sing njogo berarti. Hehe.

7. Biar lambat asal selamat. Nah iki pepatah gawe lak awakmu ngerpek. Lak awakmu dikei wektu iku 2 jam. Lambat2 no gawe ngerpek marine 2 jam iku. Misal'e pas lembar jawaban iku dikumpulno. Lah apik maneh awakmu ngerpek pas lembar jawaban iku durung dibagikno. Iku waktu sing aman nemen.

8. Jok lali sarapan rek pas kape budal ujian, ojok sampe awakmu iku luwe pas ngerjakno ujian moro2 pesen sego pecel nang ngarep sekolahmu, macak gendeng tah?

9. Kerpekan sing aman iku kerpekan sing cuma awakmu tok sing weruh panggone. Nah panggon sing aman ben penjogone gak ngerti awakmu gaweo kerpekan trus pendemen nang ngisor wit sekitar sekolahmu yo minimal 5 meteran lah. Aman rek!

10. Iki serius rek. Selain belajar, berdoalah sebelum ujian. Mintalah restu soko wong tuomu pisan rek. Insyaallah ujianmu lancar plus gak meloki tips 1 - 9 :D

Semoga lancar ujiannya rek. SALAM CORET!

0 komentar:

Posting Komentar